Oleh: Permaisuri Ratu Agung (Padepokan Panji Hitam)
Laillaha Illallah Muhammadur Rasulullah
Allah kuwi gusti dzat kang moho tunggal
Ora ono gusti liyo kejobo mung gusti Allah
Kang manunggal dening cipto roso lan karso
Manjing nyawiji kawedar ono ing badan iro
Manunggal ono ing jiwo rogo menungso
Sirrulloh dzattulloh sifattulloh wujudtulloh
allah ( ingsun rahasia dzat sifatte Allah )
Sabdo sabdo sabdo ning gusti Allah
Kawedar ono ing bopo klawan biyung
Ndadekno wujud gedung cagak papat
kang aranne sedulur papat
Lawang songo kang aranne bolongan howo
Isi2ne sukmo sejati aranne Nur Muhammad
Gumantung tanpo centelan kang aranne ati
Lungguhe batin iro sing paling sekti
Sak obah sak polah sing ngobahno gusti
Ngadek gemleger ono ing sak duwure bumi
Njur nglampahi urip nyekseni ananne gusti
Bumi kang dadi pidekane jiwo lan rogo
Langit kang dadi pepayunge menungso
Srengenge lan rembulan kang dadi damare
Sumebyaring mego kang dadi unine hu awu-awu
Lampahing titah titah sandiworone donyo
Menungso di dapuk lakon kang werno werno
Di setting gusti Allah nganti sempurno
Werno werno kahanan roso dadi kembange donyo
Yo kuwi kang aranne sabdo sabdo ne gusti Allah







Komentar